Selamat Datang

SELAMAT DATANG di BLOG SAYA

Wednesday 1 October 2014

Contoh CERKAK Bahasa Jawa "Tresna Pancen Ra Kena Dipeksa"

          Tepangno jenengku Afgan, ono ing cerita menika aku bakal nyeritaake ceritaku pas jamane SMP tekan SMA mbiyen. Cerita iki tak purwakani saking aku kelas pitu, aku lagi wae ngrasake dadi bocah smp. Duwe kanca-kanca anyar lan mbaleni tetepangan meneh. Aku kudu adaptasi karo kahanan sing ono neng pawiyatan iki.
            Jaman semono aku reti bocah wadon kang ayu lan sregep ibadahe. Sanajan aku kepengen tepang luwih cerak karo wonge aku tetepangan karo wonge. “hey tepangno jenengku Afgan, jenengmu sapa?” pitakonku. “Jenengku Raisa.” Jawabe wonge. sanajan bedo kelas tur kelase awakdhewe gur jejeran. Aku ro wonge kerep ketemu, gojek , onek-onekan ngasi tau mlayu-mlayu mubeng sekolah. Pas kuwi seneng banget iso dadi cerak banget karo wonge. Aku ro wonge pancen soyo cerak ngasi saben mbengi smsan terus. Biasane yo gur aku sing marai smsan senajan dheweke koyo ra seneng nek nyikiki. Ono ing sekolah aku ro wonge duwe celukan, biasane aku nyeluk wonge mbak lan wonge nyeluk aku biasa koyo wong nek nyeluk adine padahal yo tuwo aku karo wonge. Wonge seneng film korea pernah  wonge tak celuki nganggo jeneng korea. Oiyo siji maneh , aku karo wonge nek mangkat sekolah mesti numpak pit dadi mangkat opo mulih kerep bebarengan.
            Setahun kepungkur aku ro wonge uwes dadi kelas wolu, nah pas kelas iki aku ro wonge dipacok-pacokke karo kanca-kanca liane amarga saking cerake. Hla amarga iki barang aku ro wonge dadi rodo adoh, wes ra tau gojek, onek-onek opo eneh oyak-oyakkan koyo mbiyen. Sakjane aku yo pengen koyo mbiyen iso dolanan karo wonge, nanging wonge ora seneng nek dipacok-pacokke ngono dadine wonge rodo ngadoh ro aku. Amarga iki aku ngerasa banget ana sing ilang saking uripku, dadi ra ono werno neng pawiyatan. Lan amarga kedadean iki aku lagi ngerti nek aku ki lagi ngrasaake piye rasane tresno. Nyatane pas au ketemu ro wonge aku ngeroso bingung arep ngomong opo arep gerak piye wes matung raiso opo-opo. Rasane ki jantung iki dadi cenat cenut ra karoan dadian. Aku nyoba nyeraki wonge meneh, nanging yo nek wes ono kanca-kanca sing macok-macoki mesti langsung ngadoh terus lungo.
            Pas malem Idhul Adha, dusune wonge melu lomba takbiran keliling banjur aku sms takon wonge melu ra lan dibales melu. Terus awakdhewe janjen nek aku iso ngeruhi wonge neng barisan dusune diwenehi hadiah banjur pas malem kuwi aku ndelok kaliyan mbakku, nah pas dusune wonge lewat aku meruhi wonge. Nah banjur bar takbiran wonge sms nek sesok bakal diwenehi hadiah lan aku yo menehi hadiah. Banjur  sesokke aku golek hadiah, aku milih tuku gantungan kunci sing pasang-pasangan. Pas sesokke meneh wonge menehi aku hadiah lan hadiah yo podo gantungan kunci. Gantungan kunci sing seko wonge yo pasangan tur dimenehke aku kabeh banjur sing siji tak balekke wonge. Gantungan kunci kuwi dadi barang kang duweni arti kang ra iso dijelenterake. Banjur pas wonge ambar warsa aku menehi wonge hadiah bros sing kathah amarga aku bingung arep menehi apa sakliyane kuwi. Soyo suwe awakdhewe dadi adoh wes ra tau gojek opo onek-onekan blas, yo gurketemu neng ngarep kelas neng ndalan lan gur mesam-mesem ora muni opo-opo. Aku tau ngomong karo wonge opo sing tak rasake kaliyan wonge nanging aku ro wonge duweni prinsip kang podo yaiku pengen mikir ne ngudi kawruh riyin durung arep mikir tresno-tresnonan.
            Sakbanjure awakdhewe uwes dadi kelas songo, awakdhewe uwes mikirke UN ora mikir liya-liyane dadi sinau wae ra uwes-uwes. Guru-guru woonten ing kelas songo iki kepenak sedaya. Nah wonten guru ingkang seneng macok-macokke muride lan salah satunggalipun ingkang dipun pacokke ya aku karo wonge soale dikandhani karo kanca-kanca liyane. Padahal aku yo ra tau cerita apa-apa karo kanca-kanca menawa aku duwe rasa karo wonge nanging kanca-kanca uwes pada reti dhewe-dhewe , opo wiragaku pas ngadep wonge ketok banget yo?. Banjur aku nyobo biasa wae marang wonge nangning yo tetep raiso mbleani rasa sing ono neng ati iki. Rasane ki jan ora iso di jelentereake temenan. Karo wong wadon liyane ki aku biasa wae tur kok nek ro wonge rasane ilat we raiso ngomong awak raiso obah gur nyawang wonge wae ra kuat aku. Wonge ki udu koyo bocah wadon liane kang kemayu, pengen digatekke, dandan terus nanging wonge ki sederhana, cuek, mandiri lan ora golek perhatiane wong liya-liyane nah mungkin kuwi sing marai wonge bedo karo wong adon liyane. Nanging sing gawe rasaku karo wonge bedo iki ora reti opo soale yo tresno raiso dijelenterake temenan.
            Ra keroso awakdhewe uwes nglewati ujian nasional, nah pas liburan iki aku karo wonge kerep smsan. Aku tau ngajak dolan tur wonge ora gelem menawa gur cah loro, dadi kudu wong akeh nek pengen dolan karo wonge. pas uwes cerak pengumuman ujian nasional aku takon karo wonge, takon ono guru sing marani omahe opo ora lan jawabe hoo. Nah banjur aku takon maneh wonge oleh rangking piro nanging wonge ora gelem ngaku gur njawab kon ndelok sesok wae nek pas pengumuman. Esukke pengumuman lan perpisahan SMP, nah neng kono diumumke sing kalebu sepuluh besar biji ujian nasional. Aku kaget lan seneng ngerteni wonge rangking siji saksekolahan, kuwi yo dadi motivasiku dienggo sinau. Pas liayane diumumke aku yo seneng amarga biji ujian nasionalku termasuk pun sae. Nah banjur ibuku marani ibune wonge lan wonge amarga pengen ngaturi selamet kaliyan wonge, lajeng aku yo nyalami wonge karo ngomong selamet karo ngguya ngguyu lan wonge yo ngguyu karo ngomong nuwun. Bar perpisahan kuwi aku ra ketemu maneh karo wonge , aku gur iso smsan karo wonge takon-takon arep neruske SMA neng ndi. Wonge yo bales smsku, takon kepiye nek wonge sekolah neng SMA kene opo SMA kono ngono. Aku yo ngekeki weruh sing tak reti, aku yo takon-takon karo wonge nek aku mending nglajutke neng ndi SMK opo SMA lan wonge ngandani neng SMA wae. Aku sakjane pengen SMK nanging aku mikir-mikir mbanding-mbandingke antarane SMK ro SMA lan luwih milih SMA amarga luwih mantep.
            Akhire wong ketrimo neng SMA favorit nomer siji neng daerah jogja, lan aku ketrimo neng SMA sing lumayan favorit. Ono neng sekolah anyarku iki aku kudu iso adaptasi maneh, kudu kenalan kaliyan kanca-kanca maneh. Ono ning sekolah iki aku urung tau ngrasakake rasa pas ketemu wonge mbiyen, padahal akeh wong wadon neng kene sing ayu-ayu nanging kok ra ono sing podo karo wonge. Aku ketemu kanca-kanca wadonku neng SMA biasa wae ora ono rasa sing spesial. Wonten pertengahan kelas sepuluh ono kancaku sing ngutarakake katresnane karo aku, yaiku Ambar. Aku raiso nampa wonge amarga aku wes nduweni prinsip pengen ngudi kawruh kejawi kuwi aku yo ora duweni rasa apa-apa kaliyan Ambar beda karo pas aku karo Raisa. Aku rung iso nggenteni Rasisa ono neng ati iki. Aku wes kebacut tresna ro Raisa , aku pengen nunggu wonge amarga prinsipe awakdhewe padha dadi ngepas banget.
            Ambar samben dinane sakdurunge ngutarakake rasane karo aku, wonge cerak ro aku wes koyo kaka adik. Tur amarga kuwi awakdhewe dadi rada adus emboh tekmen apa. Kanca-kanca ya pada reti nek Ambar remen karo aku dadi yo mesti do macok-macokke nanging aku ethel wae ra ngurus kayak ngono. Soyo suwe Ambar malah soyo ngoyak-oyak aku. Sopo wae wong wadon sing cerak ro aku mesti diceburoni. Aku paling memeng nek Ambar uwes nyemburoni kancaku, dadi kancaku njaga perasaane Ambar nanging ra njaga perasaanku. Mosok kabeh wong wadon ra oleh cerak ro aku, anggere aku cerak wong wadon gaweane Ambar gur terus njegadul ro nangis. Kuwi kedadian sing paling tak mangkeli, sisan wae aku cerak ro akeh kanca wadonku ben sisan ne lara ati gek sengit ro aku. Nanging kayake aku salah amarga wonge malah takon mbanding-mbandingke aku ro Raisa karo wonge ro aku. Padahal yo bedo amarga rasa iki sing marai bedo.
            Lajeng Ambar takon karo aku nek misal wonge tetep seneng ro aku piye, tur aku yo gur ngomong rapopo. Amarga kuwi kabeh hakke wonge arep remen ro sopo wae. Aku kadang yo cerita karo kanca-kancaku, lan pada mesakake karo aku tur kan-kancaku yo raiso opo-opo amarga Ambar yo kanca-kancane. Nanging ono kanca-kanca sing ngewangi Ambar, terus ngomong ro aku nek kon nampa Ambar. Aku dikandani nek Ambar ki ayu, putih, lansapanunggalanipun. Nanging aku yo tetep raiso nampa wonge, aku tetep kekeh karo prinsip-prinsipku ra oleh goyah. Nanging yo ra oleh meksakake awake dhewe. Aku pengene ki urip ngalir ora dipekso-pekso ora gur dikon-kon. Saking paristiwa kuwi aku iso ngrasakake menawa tresna ki pancen raiso dipekso. Menawa sing tak tresnani ora iso dadi jodoku yo mesti ono gantine tur senajan iseh enom ojo dipekso dienggo golek penggantine sakcepette banjur gur ora tentrem uripe. Pokoke yakin wae nek sesok yo bakal ono , orasah dipekso. ~rampung~

No comments:

Post a Comment